Basa Rinengga | Bene Ngerti
Bene Ngerti

merupakan blog yang berisi tentang artikel yang berkaitan dengan ilmu pengetahuan dan wawasan-wawasan mengenai ilmu pengetahuan. Berbagai artikel tentang materi pembelajaran disekolah bisa ditemukan pada blog ini. selain itu blog bene ngerti juga membahas mengenai perangkat-perangkat pembelajaran bagi guru. blog ini juga membahas mengeni sejarah-sejarah atau asal-usul suatu tempat atau kejadian.

Sunday 28 August 2016

Basa Rinengga

  Bene Ngerti       Sunday 28 August 2016
BASA RINENGGA
a.      Basa Rinengga
Basa rinengga salah sawijine lelewaning basa ( gaya bahasa ) asil kaprigelan olah basa minangka sarana olah rasa, olah jiwa, lan olah karsa. Lelewaning basa bisa katitik saka pilihan tembung, pangrakite ukara lan wacana, sing tundhone bisa ndadekake tambah endah, nges, lan mentes. Asile bisa wujud crita- crita  lisan sing isih lestari ing satengahe masyarakat Jawa lan  tinggalan naskah-naskah  karya sastra. Teks-teks sastra mau bisa rupa tembang, serat,  lan teks-teks gancaran liyane, sing isine andharan ngenani maneka warna ilmu/kawruh.
Basa rinengga iku basa kang direngga, rengga tegese paes. Basa rinengga tegese basa sing dipaesi utawa dipacaki supaya luwih apik, endah, lan ngresepake. Basa rinengga bisa ditrapake ana ing maneka warna ragam basa, gumantung karo kaperluane. Lumrahe basa rinengga kuwi sing kerep digunakake ana ing karya sastra, antawacana ing upacara adat, antawacana wayang lan kethoprak, sanadyan ing pasrawungan saben dina uga kala-kala bisa ditemoni basa rinengga.
Jinise basa Rinengga:
A.    Tembung Saroja
Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih kang padha utawa meh padha tegese kang dienggo bebarengan kanggo mbangetake surasane.
Tuladha:
a.    Firman duwe watak andhap asor.
b.    Dadi pemimpin iku kudu adil wicaksana.
B.    Tembung entar / tembung silihan (kiasan)
Tembung entar yaiku tembung kang nduweni teges ora sawantahe (bermakna kiasan)
Tembung entar diperang dadi 4, yaiku:

1. Bebasan: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa.  Tuladhane :
 (1) Nglungguhi klasa gumelar, tegese mung kari nemu penake.
 (2) Suduk gunting tatu loro, tegese tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan rong warna.
(3) Nututi layangan pedhot, tegese mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane.
2. Saloka: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge.
Tuladhane :
(1) Asu belang kalung wang, tegese wong asor nanging sugih bandha donya.
(2) Cebol nggayuh lintang, tegese  wong sekeng/mlarat duwe gegayuhan sing mokal kasembadan.
  (3) Kacang ora ninggal lanjaran, tegese sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa.  
3. Pepindhan: unen-unen sing duwe teges emper-emperan utawa irib-iriban, diumpamakake kanggo mbangetake, lumrahe nganggo tembung lir, pindha, kadya, kaya, lan liya-liyane.
Tuladhane : 
(1) Ketiban ndaru, tegese beja banget.
(2) Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen, tegese kaya ora ana sing bisa ngalahake.
(3) Srawunge kaya lenga karo banyu, tegese ora bisa rukun. 
4. Paribasan: unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah.
Tuladhane: 
(1) Kebat kliwat, gancang pincang, tegese tumindak kanthi kesusu asile ora bakal maremake. 
(2) Anak polah bapa kepradhah, tegese tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwane.
 (3) adigang-adigung-adiguna, tegese ngendhelake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane.  
Tugas 1 : Nyemak Teks Mawa Ragam Basa lan Basa Rinengga Teks pacelathon ing ngisor iki wacanen! 

Darmi:  Njanur gunung kadingaren mbakyu, ketiban ndaru temen aku. Panjenengan esuk-esuk kok wis tekan kene,  gek kok sajak lemes kaya wayang ilang gapite ngono, ana kersa apa?
Marni: Iya dhik, mung pengin nggenahake prakara wingi kae lho, aja nganti kriwikan dadi grojogan . Aku kuwatir yen nganti ana salah paham.
Darmi:  Walah… mbakyu wong prakara sepele bae, panjenengan ora perlu kuwatir, wis beres kabeh kok.
Marni:  Dadi prakara wingi kae ora ndadekake pinggete atimu ta?
 Darmi:  Ora ….. kanggoku yen dakteruske lara ati, kaya rebutan balung tanpa isi  bae, ora ana guna manfaate kanggo awake dhewe. 
Marni: Matur nuwun ya dhik, apuranen aku, sing mung kaya belo melu seton , mung anut grubyuk.


logoblog

Thanks for reading Basa Rinengga

Previous
« Prev Post

1 comment: