unsur panyusun carita cekak | Bene Ngerti
Bene Ngerti

merupakan blog yang berisi tentang artikel yang berkaitan dengan ilmu pengetahuan dan wawasan-wawasan mengenai ilmu pengetahuan. Berbagai artikel tentang materi pembelajaran disekolah bisa ditemukan pada blog ini. selain itu blog bene ngerti juga membahas mengenai perangkat-perangkat pembelajaran bagi guru. blog ini juga membahas mengeni sejarah-sejarah atau asal-usul suatu tempat atau kejadian.

Sunday 28 August 2016

unsur panyusun carita cekak

  Bene Ngerti       Sunday 28 August 2016

Unsur Panyusun Cerkak
A.      Unsur intrinsik cerkak
1)      Tema  : gagasan utawa idhe sing dadi underane crita, bisa dititik langsung saka ukara-ukara ing    teks, utawa dijupuk saka inti critane.
2)       Alur/plot: rerangkene kedadean ing sawijining cerkak. Alur lumrahe dumadi kanthi tahapan: (1) pangenalan/ eksposis i, (2) panantangan/konflik, (3) klimaks, lan (4) pamungkasan konflik (peleraian).  Rerangken crita kang diwiwiti saka asale kedadean nganti akhire kedadean kanthi runtut diarani alur maju, dene rerangken kang  diwiwiti saka akhire kedadean diarani alur mundur. 
3)       Latar/ Setting : kabeh katrangan sing bisa dijupuk saka teks cerkak ngenani papan panggonan, waktu/wayah, lan swasana.
4)      Paraga/ Pamaragan (penokohan) : paraga ciptaan sing ana ing teks cerkak. Pamaragan (penokohan) yaiku kepriye anggone nemtokake wujud lan watake  paraga salaras karo critane.
5)      Sudut  pandang : empan-papane sing nyritakake ana ing sajroning crita, bisa dititik tembung sesulih kanggo paraga utama ing cerkak.
6)      Amanat/ pesen: piweling/pesen sing kaandharake pangripta/penulis katujokake marang sing maca. Saka amanat utawa pesen bisa dijupuk hikmahe lan bisa dicocogake sambung rapete karo panguripan ing saben dinane.

B.       Unsur ekstrinsik cerkak

 Unsur ekstrinsik cerkak yaiku gambaran ngenani jaman, adat istiadat, budaya, perilaku lan sikap masyarakat  sing bisa ditintingi saka cerkak. Unsur ekstrinsik cerkak "Dea Kudu Bisa" menawa ditintingi saka jeneng "Dea" nuduhake yen jeneng kuwi wis klebu jaman saiki. Budaya sing bisa ditintingi saka cerkak yaiku budaya Jawa awit unggah-ungguh basane  sing mung ana ing budaya Jawa
logoblog

Thanks for reading unsur panyusun carita cekak

Previous
« Prev Post

No comments:

Post a Comment