Cerita berbahasa Jawa tentang Corona/ Covid 19 | Bene Ngerti
Bene Ngerti

merupakan blog yang berisi tentang artikel yang berkaitan dengan ilmu pengetahuan dan wawasan-wawasan mengenai ilmu pengetahuan. Berbagai artikel tentang materi pembelajaran disekolah bisa ditemukan pada blog ini. selain itu blog bene ngerti juga membahas mengenai perangkat-perangkat pembelajaran bagi guru. blog ini juga membahas mengeni sejarah-sejarah atau asal-usul suatu tempat atau kejadian.

Wednesday 1 April 2020

Cerita berbahasa Jawa tentang Corona/ Covid 19

  Bene Ngerti       Wednesday 1 April 2020

Ibuku dadi guruku



 Saiki bingung jalaran ana pageblug utawa wabah penyakit. Wabah kuwi diarani korana utawa Covid 19. Jalaran obate durung ketemu lan penyakit kasebut bisa nular, pemerentah ngangkon supaya ora nggrumbul utawa kumpul-kumpul.
Semono uga sekolahan, kabeh sekolah dipreikne njagani bene virus kasebut ora nular. Mangkané kuwi aku saiki sinau neng omah nggunakake sistem daring yaiku sinau online. Bapak/ibu guru sing biasae mulang neng sekolahan saiki padha nggawé materi lan nerangne lumantar internet. Mula senajan sekolah prei aku sabendina isih sinau lan nggarap tugase Bapak/Ibu guru. 
Aku ora dhewe, ana ibuku sing saiki sregep ngancani aku sinau. Sabendina ibu marai tugas sing ora tak ngerteni. Mula saiki ibuku ya dadi guruku. Nanging kadhang-kadhang ibuku kereng, ngalah-ngalahi bapak/ibu guru pas mulang neng sekolahan. Ibuku kadhang nyeneni aku jalaran hapeku ora tak nggo nggarap tugas malah taknggo dolanan Game.
Sabendina sadurunge pasinaon online diwiwiti aku ngrewangi ibu dhisik. Ngrewangi nyapu, ngringkesi panggon turu, nyirami kembang. Sawisé kuwi gantian ibuk sing ngewangi aku sinau lan marai nggarap tugas saka bapak ibu guru. Masia saiki lagi musim wabah penyakit nanging saka wabah iki aku bisa ngrasakne sinau dikancani ibuku.
Saliyané kuwi jane aku ya kangen karo kanca-kancaku sekolah, kangen karo Bapak lan ibu guru. Mulane bene pageblug utawa wabah iki enggal ilang. Aku patuh aturan pemerentah sing kudu neng omah lan ora kluyuran. Muga-muga wabah iki enggal ilang lan kabeh bisa kaya biyen maneh. Amin amin

https://benengerti.blogspot.com/2020/04/pengertian-aksara-murda-dan-contoh.html
logoblog

Thanks for reading Cerita berbahasa Jawa tentang Corona/ Covid 19

Previous
« Prev Post

No comments:

Post a Comment