Getune Tresna
“heh yu
wahyu, reneya!” mbengoke agung saka njero kantin FBS. “ apa mas?” wansulane
wahyu, banjur wahyu mlaku marani agung. Agung kuwi mahasiswa pendhidhikan Basa
jawa UNESA angkatan 2011. Wahyu adhik kelase agung angkatan 2013.
“ nyapo
mas? Kok dengaren ngopi dhewean ning kene, hla mas mase liyane neng ndi?”
pitakone wahyu. Wahyu kalebu adhi kelas kang wis akrab karo angkatan sadhuwure
jalaran wahyu kereb dijak Yoga serawurangan karo angkatan 2011. Yoga kuwi
kancane sakamar Wahyu.
“mulane
aku nyelok awakmu iki”suarane ngguyu kaya-kaya ngece Wahyu, pancen agung iku
bocahe seneng guyon. “ beh, trae ngece sampeyan ki mas,” wahyu ngguyu.
“yu aku kate tekok
nang awakmu yu” pitakone agung marang wahyu,
“ya ndang tekok ta mas, ngko tak wangsuli” sinambi nyumet
udud. “ awakmu rak sakelas karo Zahro ta yu? pitakone.
“ iya mas, nyapo mas ngesir ta?” ngguyu
ngakake wahyu. “ iya mas, nyapo mas ngesir ta?”
ngguyu ngece agung. “ ya mung
pengin luwih kenal ngono aku Yu, awakmu duwe nomere HP gak?” . “ enek mas,
sik ngko tak smsne Hpku batune entek mas” Hpne didudohne. “ iya tak enteni smsmu
yu” celathune agung sumringah.
Pancen
zahro iku kancane wahyu saangkatan 2013, dheweke dadi omong-omongan wong lanang
neng jurusan basa jawa, amerga dheweke ayu banget, lan duweni bakat nyindhen.
Suarane karo ayune padha penake. Iku kang ndadekake kabeh cah lanang kepincut marang dheweke.
Wahyu
nyetater sepedha montore, dheweke arep bali menyang kos-kosane. Nanging
mara-mara ana bocah kang mbengoki wahyu,” yu, wahyu nebeng aku” mlayu marani.
Wahyu kaget langsung noleh memburi, tibake bocah sing nyeluk Wahyu iku mau
Zahro, nggawe celana ketat lan kemeja kaya wong kantoran.”nebeng aku? Beh mosok
ana putri gonceng prajurit? Guyone wahyu. “ ya rapapa, neng tipi malah akeh
sing prajurit dadi pacare”. Wangsulane Zahro.
“ ya kene ndang numpak tuan putri, kita turun mana?”
ngguyoni putri karo mringis. “ gang 6, tapi mangan sik ya? Aku gurong mangan
iki mau.” Wangsulane zahro marang. “ siap tuan putri” langsung wahyu ngegas
pedhae menyang warung langganane Zahro. Neng embong cah loro kuwi guyonan kaya
dene wong pacaran.
Neng
warung bocah sakloron kuwi tetep guyonan, wahyu ngrasa yen Zahro iku bocah sing
penak dijak guyonan, bocah kang nyenengake. Ing tengah-tengahe mangan Zahro
takon.
“yu ngko bengi tak telpun ya? Penting” sinambi mangan.
“iya, nyapo kok ndadak telpun? Ngomong saiki wae lo!” wahyu
negesi.
“ lah gak penak yu, manehna aku ya kesusu, mari ngene aku ana
janji karo kancaku sakamar arep ngeterne dheweke blanja neng Royal”. Zahro
ngeyel.
“ iya iya, karepmu pokoke aja bengi-bengi ya?” wahyu bingung
karo karepe zahro.
“iya yu, aku ngko kate ngomong penting,” nggawe bingung
wahyu.Sawise mangan Wahyu langung ngeterne Zahro bali menyang kosane zahro.
Satekane
wahyu tekan kosan wahyu bingung lan kepikiran karo apa sing kate diomongne lia
marang dheweke. Sawise sholat magrib wahyu ngenteni telpun saka zahro sinambi
ngudud lan dolanan laptop. Hpne wahyu muni, nanging dudu nada telpun nanging
nada dering sms. Wahyu langsung mbukak hpne mbok menawane sms saka kembang
kampus si Zahro. Naging sawise dibukak sms kuwi mau saka Mas Agung kang nagih
janjine wahyu sing arepe nguwenehi nomer Hpne Zahro nalika neng kampus mau.
Banjur
wahyu ngirimi nomer hpne Zahro marang mas agung. Wahyu terus ngenteni telpun
saka Zahro, wahyu saiki malah kepikiran praupane zahro sing ayu lan kelingan
nalikane guyonan neng parkiran kampus lan warung awan mau.
Anggone wahyu ngenteni telpun nganti kesirep sirep, wahyu
ngliler amerga hpne muni. “ halo, sepurane yu. Tas telpun iki mau tas teka
royal yu.” Gugup lan sungkan marang wahyu.
“ iya rapapa kok, iki ngenteni telpun saka tuan putri sampek
kesirep-sirep, arep ngomong apa ta? Kok ketoke penting” wahyu ngece zahro
maneh.
Mara-mara Zahro nangis neng telpun lan dheweke crite marang
wahyu yen Zahro putus karo pacare. Ing kana wahyu ngedhem atine Zahro. Neng
kono Zahro njaluk tulong dikancani wahyu terus.” Yu pokoke aku njaluk tulong
kancani aku terus ya lak neng kampus, mung awakmu sing bisa ngerteni kahananku”
zahro nangis njaluk tulong marang wahyu, banjur wahyu nuruti kekarepane Zahro.
Saben
diana wahyu bebarengan karo Zahro, neng kono wahyu wis ana rasa simpati lan
thukul rasa tresna marang Zahro. Telung dina sabanjure wahyu ngejak zahro dolan
neng royal. Neng royal kono wahyu duwe rencana bakal nembak Zahro. “ matur
nuwun lo yu, awakmu pirang-pirang dina iki wis gawe aku seneng lan aku ngrasa
nyaman yen karo kowe” ngawiti omongan nalika lagi mangan neng KFC royal.
“ iya, sasuwene pirang-pirang dina iki aku ya ngrasa seneng
bisa ngancani awakmu, sampek-sampek thukul rasa tresna marang awakmu” disaut
tangane zahro, “ sampeyan gelem dadi pacarku?
“ sepurane yu, sampeyan kasep ngomong tresna neng aku, aku
wis pacaran karo mas Agung yu.” Ngeculake tangane wahyu.
“iya, rapapa kok, aku bisa ngertine. Neng awakdewe jik isa
kekancaan kan?” ngempet laraning ati.
Sawise
wahyu ngeterne Zahro menyang kosane zahro. Wahyu langsung mulih. Tekan kamar
wahyu kaya wong linglung lan getun.” Nyapo biyen aku nguwenehi nomere Zahro
marang mas agung, lan nyapo Zahro ora tahu crita yen dheweke cedhak karo mas
Agung” gremenge wahyu ana ing kamar. “ nanging kuwi kabeh ya wis dadi pilihane
Zahro, kabeh ya kancaku mas Agung lan Zahro, muga-muga bisa awet anggone
pacaran. Aku sadar yen ta tresna iku ora kudu duweni”.
No comments:
Post a Comment