JINISE UKARA (KALIMAT) ING BASA JAWA SARTA TULADHANE/CONTONE | Bene Ngerti
Bene Ngerti

merupakan blog yang berisi tentang artikel yang berkaitan dengan ilmu pengetahuan dan wawasan-wawasan mengenai ilmu pengetahuan. Berbagai artikel tentang materi pembelajaran disekolah bisa ditemukan pada blog ini. selain itu blog bene ngerti juga membahas mengenai perangkat-perangkat pembelajaran bagi guru. blog ini juga membahas mengeni sejarah-sejarah atau asal-usul suatu tempat atau kejadian.

Monday 17 August 2020

JINISE UKARA (KALIMAT) ING BASA JAWA SARTA TULADHANE/CONTONE

  Bene Ngerti       Monday 17 August 2020



 JINISE UKARA (KALIMAT) ING BASA JAWA DIPERANG(DIBAGI) MENJADI 2: 

A. JINISE UKARA ING BASA JAWA ADHEDHASAR MAKNANE/SURASANE

B. JINISE UKARA ADHEDHASAR WASESANE/PREDIKATE


A. JINISE UKARA ING BASA JAWA ADHEDHASAR MAKNANE/SURASAN

1.       Ukara andharan


Ukara andharan yaiku ukara sing isine kang nggambarake utawa ukara kang nyritakake bab/kedadean. Titikanene (ciri-ciri)  ukara andharan yaiku dipungkasi kanthi tandha titik (mandeg), mula macane kanthi intonasi/ nganggo swara kang rata (datar) lan ora ana penekanan babar pisan .

Tuladha ukara andharan:

1) Mau bengi ana kebakaran ning omahe pak bejo.

2) bapak tindak dhateng kantor.

3) si mbah gerah waja.

4) ndik wingi ana tabrakan nganti 20 wong seng mati.

5) sesok ulangan basa jawa.

 

2.       Ukara Pitakon

Ukara pitakon yaiku ukara kang surasane njaluk katrangan marang wong liya, amarga kepingin mangerteni apa kang durung diweruhi. Ukara iki biasane diwiwiti nganggo tembung sesulih pitakon(sapa, apa, kapan, neng ngendi, endi, ngapa,lsp), lan dipungkasi ngganggo tandha pitakon (?).
Tembung sesulih pinangka pitakon sing baku ana warna papat, yaiku:

       Tuladha Ukara Pitakon :
- Apa sebabe panjenengan ora sida sowan simbah, Mbak?
- Panjenengan mundhut menda punika samangke reginipun pinten, Pak?
- Kapan panjenengan olehe tindak menyang Solo?
- Kepriye kabare kanca-kanca saiki, Tin?
- Kepala sekolah nggonmu apa wis ganti maneh ta, Wan?

3.       Ukara Pakon (Kalimat Perintah)


Ukara pakon yaiku Ukara pakon utawa imperative yaiku ukara kang surasane awujud pakon utawa perintah marang wong liya supaya nindakake sawijining bab utawa pakaryan kaya kang dikarepake sing ngongkon.

Titikane ukara pakon yaiku dipungkasi tandha waca seru, mula pamacane kanthi intonasi seru lan rada diteken.Wujude ukara pakon iku warna-warna, yaiku kaya ing ngisor iki:
a. Ukara Pakon Lumrah
Tuladha:

1.        Ndang ombenen!

  1. Awas sing ati-ati!
  2. Wis enggal garapen!

b. Ukara Pakon Pamenging
Tuladha:

1. Kowe ora kena dolan yen durung sinau!

2. Aja rame-rame simbah nembe sare!

3. Aja mangan ana ing ngarep kelas!

 

c. Ukara Pakon Pangajak
Tuladha:

1.       Awake dhewe saiki leren dhisik!

2.       Ayo padha mampir nggonku dhisik!

3.       Sadurunge kawiwitan ayo padha ngeningake cipta!

 

d. Ukara Pakon Panantang.
Tuladha:

1.       Antemen yen pancen kowe wani!

2.       Maraa rene yen nyata-nyata dhugdheng!

3.       Gage balangen yen njaluk benjut sirahmu!

e. Ukara Pakon Paminta.
Tuladha:

1.       Mbok kowe kuwi mengko dolan menyang omahku!

2.       Dhik, tulung cendhelane ditutup bae!

3.       Aku dakdolan nang omahmu, nanging disuguhi ya!

4. Ukara Sambawa


Ukara sambawa yaiku ukara kang isine awujud pangarep-arep, saumpama, utawa sanadyan. Ukara iki rancake migunakake tembung-tembung kang kawuwuhan panambang -a utawa -ana.

tuladha :

1) Panasa, ya klambiku ben garing.

2) Udana sing deres ben tandhuranku subur.

3) Mrenea wiwit biyen kowe ora katon kapiran.

4) Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah.

5) Tinangisana nganthi semaput, dheweke ora bakal urip.

 

5. UKARA SANANTA


Ukara sananta yaiku ukara kang isine niyat, karep, utawa sedya. Ananging, kang duwe niyat utawa sedya mau awake dhewe. Mesthi wae ukara iki durung kalakon utawa durung katindakake jalaran isih awujud niyat.
Tuladha:

1.    Sesuk awan aku arep golek degan ijo.

2.    Kareben munggah sekolah, aku kudu sinau mempeng.

3.    Aku arep umbah-umbah, kowe aja ngajak crita wae.

4.    E, dak dolan menyang daleme simbah.

5.    Tinimbang ndomblong, dak resik-resik latar mburi, ah!


B. UKARA ING BASA JAWA ADHEDHASAR WASESANE (PREDIKATE)

Ukara Tanduk (Kalimat Aktif)

Ukara tanduk yaiku ukara kang wasesane awujud tembung kriya tanduk utawa sing entuk ater-ater anuswara (m-, n-, ng-, ny-) lan jejere nindakake pakaryan.

 

Tuladha:

a. Tono mangan sega.

b. Aris nggambar kewan.

c. Ani nyapu latar,

d. Tini njait klambi,

 

Ukara Tanggap (Kalimat Pasif)

Ukara tanggap yaiku ukara kang wasesane arupa tembung kriya tanggap (utawa sing entuk ater-ater tripurusa { dak-, ko-, di-}) lan jejere dikenani pakaryan.

 

Tuladha:

1. Segane dipangan Tono.

2. Kewane digambar Aris.

3. Bukune dituku Ani

4. Klambine dijait Tini.

logoblog

Thanks for reading JINISE UKARA (KALIMAT) ING BASA JAWA SARTA TULADHANE/CONTONE

Previous
« Prev Post

3 comments:

  1. 1.
    1.)Mau bengi ana kebakaran ning omahe pak bejo.
    2) bapak tindak dhateng kantor.
    3) si mbah gerah waja.

    2.
    1) Omahmu ing ngendi?
    2) Saiki wis jam pira?
    3) Paramasastra kuwi apa ta tegese?

    3.
    1) Ngaliha!
    2) Sinau sing sregep!
    3) Ndang ombenen!

    ReplyDelete
  2. 1.
    1) Mau bengi ana kebakaran ning omahe pak bejo.
    2) bapak tindak dhateng kantor.
    3) si mbah gerah waja.

    2.
    1) Omahmu ing ngendi?
    2) Saiki wis jam pira?
    3) Paramasastra kuwi apa ta tegese?

    3.
    1) Ngaliha!
    2) Sinau sing sregep!
    3) Ndang ombenen!

    Jenengku DHIMAS WAHYU MARDIANSYAH NO ABSEN 13
    Kelas 9H

    ReplyDelete
  3. 1.
    1) Mau bengi ana kebakaran ning omahe pak bejo.
    2) bapak tindak dhateng kantor.
    3) si mbah gerah waja.

    2.
    1) Omahmu ing ngendi?
    2) Saiki wis jam pira?
    3) Paramasastra kuwi apa ta tegese?

    3.
    1) Ngaliha!
    2) Sinau sing sregep!
    3) Ndang ombenen!

    Jenengku DHIMAS WAHYU MARDIANSYAH NO ABSEN 13
    Kelas 9H

    ReplyDelete