UNDHA-USUKING BASA JAWA
Unggah-ungguh utawa undha-usuking
basa iku kanggo manut wong kang guneman (wong kapisan), karo wong kang diajak
guneman (wong kapindho), sarta wong kang digunem (wong katelu). Miturut
cak-cakane, basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku:
1. BASA NGOKO
Basa ngoko yaiku basane wong kang
ora pati ngurmati kang diajak guneman (bicara).
Basa Ngoko ana rong werna:
a. Ngoko Lugu
Basa kang digunakake antarane pawongan kang wis
rumaket. Wujude tembung ngoko, ora ana tembung kang krama inggil tumrap wong
kang dijak guneman. Yen ana, mung tumrap marang wong sing digunem.
Panganggone(penggunaan) basa ngoko lugu yaiku:
1. Kanca kang wis rumaket/menyang sapadha-padha kang
wis kulina banget
tuladha:
Kowe mau mangan apa?
Kowe arep menyang ngendi, Di?
Dhi, sesuk yen mangkat pramuka kowe ngampiri aku
dhisik ya!
Minggu sesuk pada bal-balan menyang lapangan gelem
ora?
2. Wong tuwa marang bocah enom
tuladha:
Le, sapa kancamu mau?
Nang, kowe kudu luwih sregep sinau kanggo ngadhepi
ujian sesuk!
Ni, jupukna buku iku!
3. Pawongan kang lagi ngunandika
Kapan ya aku bisa lunga menyang Bali?
Awak yen lagi apes, tiwas nulung malah kepenthung.
b. Ngoko Alus/Ngoko Andhap
Basa ngoko sing kacampuran krama alus/inggil tumprap
wong kang diajak guneman.
titikane(ciri-ciri) basa ngoko alus:
·
awake dhewe
panggah ngoko wong liya dicampuri krama alus tumrap perangane awake sing diajak
guneman utawa sing digunem, lan sandhangane wong sing diajak guneman utawa wong
sing digunem.
·
tembung aku
panggah aku.
·
tembung kowe
disalini panjenengan utawa sliramu
·
ater-ater(awalan)
lan panambang(akhiran) ora dikramakake, panggah di-, ake panggah -ake.
Panganggone(penggunaan) basa ngoko alus:
1. kanca padha kanca sing wis
rumaket nanging luwih ngajeni (dudu bocah pada bocah)
2. ibu marang bapak
tuladha: Pak, yen
arep dhahar wis daktata ana ing meja!
3. adhi marang kangmas/mbakyu
tuladha: Mas, yen
kersa mengko dakampiri mrikasni bioskop.
4. kangmas/mbakyu marang adhine
5. anak marang wong tuwa
tuladha: Bu, yen
arep tindak dakterake.
6. wong tuwa marang wong enom,
nanging pangkate luwih dhuwur utawa wong kang pangkate luwih dhuwur marang
andhahan kang luwih tuwa.
2. BASA KRAMA
Basa krama kaperang dadi loro yaiku:
a. Krama Lugu
Krama lugu yaiku basa krama kang kedadeyan saka
tembung krama. Krama lugu wujude kabeh tetembungane nganggo tembung krama ananging
wuwuhane isih migunakake wuwuhan basa ngoko.
Panganggone(penggunaan):
1. Wong tuwa marang wong enom kang
durung pati kulina.
tuladha:
a. Mangga, Dhik,
pinarak rumiyin
b. Sampeyan ngertos
daleme Pak Guru Amir?
2. Bocah marang bocah kang durung
kulina
a. Leres bapak
sampeyan ingkang dados kepala polisi wonten tlatah mriki?
b. Lha, bilai temenan
menika, malah kita ingkang kapatah ndherekake Pak Kepala, kamangka
seragame dereng jangkep
b. Krama Alus/Inggil
Basa krama kang kedadeyan saka basa krama lugu lan
krama inggil. Krama inggil iku basa kang ngajeni banget. wujude kaya basa mudha
krama, kaceke panambang-mu owah dadi panjenengan utawa panjenengan dalem.
Tembung aku diowahi dadi abdi dalem, dalem, kawula, kula lan sapanunggalane.
Panganggone: kanggo guneman marang wong kang kudu
dikurmati/diajeni, guneman bocah enom marang wong tuwa, wong enom marang wong
enom sing diajeni, sapadhane wong tuwa kang padha ngajeni, pawongan kang
padha-padha ngajeni.
Tembung kang dikramakake inggil kayata perangane awak,
kriya, solah bawa panganggo utawa barang darbe lsp.
tuladha:
1. Ibu, mangke bapak klawan ibu
dipunaturi rawuh wonten ing sekolahan.
2. bapak Lurah tindak dalemipun Pak
Kohar ingkang saweg gerah.
3. Bilih bapak ngersakaken mirsani
sapunika, sadaya berkas sampun kasiapakan.
No comments:
Post a Comment