Tuladha/Conto Teks Asil Observasi (Pengamatan) BAHASA JAWA | Bene Ngerti
Bene Ngerti

merupakan blog yang berisi tentang artikel yang berkaitan dengan ilmu pengetahuan dan wawasan-wawasan mengenai ilmu pengetahuan. Berbagai artikel tentang materi pembelajaran disekolah bisa ditemukan pada blog ini. selain itu blog bene ngerti juga membahas mengenai perangkat-perangkat pembelajaran bagi guru. blog ini juga membahas mengeni sejarah-sejarah atau asal-usul suatu tempat atau kejadian.

Monday 3 August 2020

Tuladha/Conto Teks Asil Observasi (Pengamatan) BAHASA JAWA

  Bene Ngerti       Monday 3 August 2020


Tuladha Teks Asil Observasi (Pengamatan)

Dibawah ini adalah contoh teks asil observasi/pengamatan berbahasa Jawa

UWUH 


Sampah yaiku materi sisa kang ora dikarepake, sawise akhire dibuwang ing pambuwangan pungkasan (akhir). Sampah bisa ana ing saben materi: awujud padhet (padat), encer (cair), utawa gas. Sampah uga dadi masalah nomer siji ing Indonesia, saliyane pengangguran, lan sarana transportasi. Bencana banjir wis dadi langganan ana ing wewengkon tlatah Gresik, nanging isih akeh wong Gresik sing ora gelem sadhar yen mbuwang sampah iku kudu ana panggonane. Pokoke waton wuuur…buwang. senajan Indonesia iku kalebu negara kang nyedhiyani panggonan sampah ana ing ngendi-ngendi.

Khususe sampah padhet kang awujud plastik, dadi masalah lingkungan ing Indonesia. Amarga, plastik iku kalebu sampah kang angel dismusnakake. Butuh pirang-pirang taun kanggo musnahake sampah plastik kuwi. Satemene, wong-wong Indonesia sing saben dinane migunakake plastik kanggo wadhah, iki bisa nyebabake sampah plastik dadi numpuk. Apa maneh, wong Indonesia jumlahe akeh banget lan padha kurang sadhar lan kurang nguri-uri mungguh babagan mbuwang sampah ing panggonane.

Pakulinan mbuwang samubarang sampah ing sembarang panggonan pancen isih dadi pakulinan masyarakat kita. Kamangka pukulinan ala kuwi, manut para ahli tata lingkungan kota bisa wae ndadekake salah sijine faktor kang nyebabake bebaya banjir kaya kang wis kedadean ing sawatara dhaerah lan kutha durung suwe iki. Pakulinan ala wis samesthine kudu enggal kita tinggal. (Krtya basa kc. 7)

Baca Juga :  Contoh Teks Asil Observasi Berbahasa Jawa (judul Bentor)

                    Tuladha teks asil observasi (judhul Gamelan)


logoblog

Thanks for reading Tuladha/Conto Teks Asil Observasi (Pengamatan) BAHASA JAWA

Previous
« Prev Post

No comments:

Post a Comment