Tuladha/Conto Teks Asil Observasi/Pengamatan (BAHASA JAWA) | Bene Ngerti
Bene Ngerti

merupakan blog yang berisi tentang artikel yang berkaitan dengan ilmu pengetahuan dan wawasan-wawasan mengenai ilmu pengetahuan. Berbagai artikel tentang materi pembelajaran disekolah bisa ditemukan pada blog ini. selain itu blog bene ngerti juga membahas mengenai perangkat-perangkat pembelajaran bagi guru. blog ini juga membahas mengeni sejarah-sejarah atau asal-usul suatu tempat atau kejadian.

Monday 3 August 2020

Tuladha/Conto Teks Asil Observasi/Pengamatan (BAHASA JAWA)

  Bene Ngerti       Monday 3 August 2020


Contoh/Tuladha Teks Asil Observasi pengamatan berbahasa Jawa

GAMELAN


Gamelan minangka sawijine piranti musik tradhisional kang rata-rata kedadeyan saka wesi utawa perunggu. Lumrahe gamelan iki digunakake kanggo ngiringi upacara adat, lan bisa uga kanggo sarana panglipur kayata kanggo ngiringi wong nari lan uga kanggo unen-unen wong tetmbangan. Ora mung Jawa sing nduwe gamelan nanging uga ana suku liyane sing nggunakake gamelan. Kayata gamelan sunda, lan gamelan Bali.

Gamelane Suku Jawa bisa diarani gamelan kang ranjak utawa jangkep, amerga meh kabeh piranti gamelan Jawa iku nggunakake wesi utawa perunggu. Mung ninggal kendhang lan gambang sing ora nggunkake piranti wesi utawa perunggu. Bagean-bagean gamelan iku ana sing diarani wilahan, pencon lan alusan. Sing diarani wilahan iku piranti sing wujude wilah-wilah utawa gepeng-gepeng kayata saron, demung, peking, slenthem. Dene pencon iku piranti sing wujude bunder-bunder kaya cemung lan ana bendholane sing dithuthuk. Piranti pencon iki kaya bonang, kenong, kempul lan gong. Dene sing bagena pungkasan yaiku alusan, tegese piranti sing unine kalem banget kayata gender, lan rebab. Ketelu bagean kuwi lumrahe ditemokake ing piranti gamelan Jawa.

Gamelan Jawa iki wis didhaftarake ing UNESCO minangka music warisan budaya asli Jawa. Mula anane gamelan iki wis digatekake banget dening pemerentah. Mula ora gumun yen saiki saben sekolah iku nduwe piranti gamelan kang digunakake kanggo kegiyatan ektrakurikuler. Malah-malah saiki akeh negara manca sing wis ngimpor gamelan saka Indonesia kanggo bahan pasinaon ing negarane. Mula ayo aja kalah anggone nguri-nguri tradhisi lan budaya leluhur, supaya amrih tetep lestari lan ngrembaka.

BACA JUGA : TEGESE TEKS LAPORAN ASIL OBSERVASI (Pengertian Teks Hasil observasi   

                                                SIFAT DAN JENIS TEKS LAPORAN ASIL OBSERVASI

                                      

                                                Tuladha/Conto Teks Asil Observasi (Pengamatan) BAHASA JAWA


logoblog

Thanks for reading Tuladha/Conto Teks Asil Observasi/Pengamatan (BAHASA JAWA)

Previous
« Prev Post

No comments:

Post a Comment