JINISE TEMBUNG ADHEDHASAR WUJUDE (JENIS TEMBUNG (KATA) BERDASARKAN BENTUKNYA) [BAHASA JAWA] | Bene Ngerti
Bene Ngerti

merupakan blog yang berisi tentang artikel yang berkaitan dengan ilmu pengetahuan dan wawasan-wawasan mengenai ilmu pengetahuan. Berbagai artikel tentang materi pembelajaran disekolah bisa ditemukan pada blog ini. selain itu blog bene ngerti juga membahas mengenai perangkat-perangkat pembelajaran bagi guru. blog ini juga membahas mengeni sejarah-sejarah atau asal-usul suatu tempat atau kejadian.

Sunday 20 September 2020

JINISE TEMBUNG ADHEDHASAR WUJUDE (JENIS TEMBUNG (KATA) BERDASARKAN BENTUKNYA) [BAHASA JAWA]

  Bene Ngerti       Sunday 20 September 2020

JINISE TEMBUNG ADHEDHASAR WUJUDE

(JENIS TEMBUNG (KATA) BERDASARKAN BENTUKNYA)

Manut wujude tembung kaperang dadi loro, yaiku tembung lingga, tembung andhahan. {menurut bentuk/wujudnya tembung/kata dibagi menjadi 3 yaitu tembung lingga (kata dasar), tembung andhahan (kata berimbuhan)}

1.   Tembung Lingga lan tembung Andhahan

1)   Tembung Lingga (Kata Dasar)

Tembung lingga yaiku tembung sing durung owah saka asale. [tembung lingga adalah kata yang belum berubah dari wujud aslinya]

Tuladha: [conto]

omah, anak, putra, panas, dawa, sugih, lunga, tuku, klambi, anyar, apik, sapu, banyu, lan sapanunggalane

2.   Tembung Andhahan (Kata Berimbuhan)

Tembung andhahan yaiku tembung sing wis owah saka asale.

[Tembung andhahan adalah kata yang sudah berubah dari wujud aslinya]

Tuladha:

diparingi, nulis, nyapu, gumuyu, anake, nggambarake, nambani, digawa, nyapu, ngombe, nyawang, nyolong, lan sapanunggalane.

 

Pangrimbage/Pandhapuke Tembung Andhahan: [Penggunaan atau terjadinya kata berimbuhan]

Tembung lingga bisa owah dadi tembung andhahan kanthi cara diwenehi wuwuhan (imbuhan), dirangkep, lan dicambor. [tembung lingga(kata dasar) bisa berubah menjadi tembung andhahan/kata berimbuhan jika diberi wuwuhan (imbuhan), diulang, dan dicampur/dicambor]

 

A.  Wuwuhan

Wuwuhan kaperang dadi telu, yaiku:[wuwuhan terbagi menjadi 3]

 

(1) Ater-ater (Awalan)

Ater-ater yaiku wuwuhan sing manggone ana ing sangarepe tembung. [adalah imbuhan yang berada didepan kata]

Tuladha.


(2) Seselan ( Sisipan )

Seselan yaiku wuwuhan sing manggon ing tengahe tembung. [adalah imbuhan yang berada ditengah kata]

Tuladha:


(3) Panambang (Akhiran)

Panambang yaiku wuwuhan sing manggon ana ing mburine tembung. [adalah imbuhan yang berada dibelakang kata]

Tuladha:


 

B. Tembung Rangkep (Kata Ulang)

Tembung rangkep wujude ana telu, yaiku: Tembung Dwilingga, Tembung Dwilingga Salin Swara, lan Tembung Dwipurwa

(1) Tembung Dwilingga

Tembung dwilingga yaiku tembung lingga sing dirangkep. [tembung dwilingga adalah tembung lingga (kata dasar) yang diulang]

Tuladha:

bocah-bocah, putra-putra, abang-abang, gawe-gawe, seneng-seneng, rame- rame, ayu-ayu, lan sapanunggalane.

 

(2) Tembung Dwilingga Salin Swara

Tembung dwilingga salin swara yaiku tembung lingga yen dirangkep, nanging swarane owah/salin. [Tembung dwilingga salin swara adalah tembung lingga/kata dasar yang diulang, tetapi swaranya berubah]

Tuladha:

bola-bali, mulah-mulih, gonta-ganti, tuka-tuku, mesammesem, lan sapanunggalane.

 

(3) Tembung Dwipurwa

Dwi tegese loro, purwa tegese wiwitan. [dwi artinya dua, purwa artinya awalan]

Dadi tembung dwipurwa yaiku tembung sing dirangkep purwaning tembung utawa wanda sing dadi wiwitane tembung. [jadi tembung dwipurwa adalah kata yang dirangkap/diulang awalan kata atau suku kata/wanda yang menjadi awalan kata]

 

Tuladha:

mangan = ma+mangan = mamangan = memangan

tulung = tu + tulung = tutulung = tetulung

lara = la + lara = lalara = lelara

resik = re + resik = reresik

 

(4) Tembung Dwiwasana

Tembung dwi tegese loro lan wasana tegese pungkasan. [kata dwi berarti dua dan wasana berarti akhiran]

Tembung dwiwasana iku tembung kang ngrangkep wasanane utawa wanda sing pungkasan wae. [tembung dwiwasana adalah kata yang merangkap akhiranya atau wanda/suku kata dari akhir kata tersebut]

 

Tuladha:

cenges = cengesnges = cengenges

cekak = cekakkak = cekakak

celuk = celukluk = celuluk

 

Nanging apa bener kaya mangkono? Tembung dwiwasana yen dirunut saka linggane tegese bedane adoh banget, mula tembung dwiwasana uga diarani tembung rangkep semu. Tegese, katone kaya tembung rangkep, nanging sejatine dudu.[jika dilihat dari kata dasarnya akan memiliki arti yang sangat berbeda, maka tembung dwiwasana ini juga disebut tembung rangkep semu. Artinya keliatanya seperti kata rangkap, tetapi sebenarnya bukan]

 

C. Tembung Camboran (Kata Majemuk)

Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih dienggo bebarengan, lan nuwuhake teges anyar. [tembung camboran adalah dua kata atau lebih yang digunakan bersamaan dan menimbulkan arti baru]

 

Tembung camboran diperang dadi loro, yaiku:

[Tembung camboran dibagi menjadi 2, yaitu]

 

(a)                Tembung camboran wutuh.

Tembung camboran wutuh yaiku tembung loro dicambor/ dicampur dadi siji lan sing dicambor wujude tembung wutuh.[tembung camboran wutuh adalah dua kata yang dicambor/dicampur menjadi satu dan kata yang dicampur merupakan kata yang utuh]

 

Tuladha:

omah gedheg, sapu duk, sepedhah montor, rujak uleg, sandhang pangan, lan sapanunggalane.


(b)Tembung camboran wancah/tugel.

Tembung camboran tugel yaiku tembung loro dicambor dadi siji, lan sing dicambor wujud wancahan utawa tugelane tembung. [tembung camboran tugel adalah dua kata yang dicampur mejadi satu dan yang dicampur wujutnya wancahan(singkatan) atau potongan kata]

 

Tuladha:

paklik è bapak cilik

budhe è ibu gedhe

bangjo è abang ijo

perko è emper toko

lunglit è balung kulit


logoblog

Thanks for reading JINISE TEMBUNG ADHEDHASAR WUJUDE (JENIS TEMBUNG (KATA) BERDASARKAN BENTUKNYA) [BAHASA JAWA]

Previous
« Prev Post

No comments:

Post a Comment