Jinise tembung (kata) ing basa Jawa | Bene Ngerti
Bene Ngerti

merupakan blog yang berisi tentang artikel yang berkaitan dengan ilmu pengetahuan dan wawasan-wawasan mengenai ilmu pengetahuan. Berbagai artikel tentang materi pembelajaran disekolah bisa ditemukan pada blog ini. selain itu blog bene ngerti juga membahas mengenai perangkat-perangkat pembelajaran bagi guru. blog ini juga membahas mengeni sejarah-sejarah atau asal-usul suatu tempat atau kejadian.

Monday 24 August 2020

Jinise tembung (kata) ing basa Jawa

  Bene Ngerti       Monday 24 August 2020

JINISE TEMBUNG (KATA) ING BASA JAWA


Jinise tembung (kata) ing basa Jawa kaperang dadi 10, yaiku:

1)     Tembung Aran (Kata Benda)

Tembung aran yaiku tembung sing nerangake sakabehe jenenge barang utawa sing dianggep barang. (tembung aran/kata benda merupakan kata yang menggambarkan seluruh nama barang atau yang sudah dianggap barang)

Tembung aran diperang dadi loro, yaiku (Tembung aran dibagi menjadi 2, yaitu):

a)     Tembung aran sing kasat mata (tembung aran yang bisa dilihat mata)

Tuladha: gunung, jaran, jeep, pura, omah, dalan, segara, wedhi, lan sapanunggalane.

b)     Tembung aran sing ora kasat mata (tembung aran yang tidak kasat mata)

Tuladha: pemandhangan, kabudayan, pariwisata, lan sapanunggalane

 

2)     Tembung Kriya (Kata Kerja)

Tembung kriya yaiku tembung sing nerangake pagawean. (tembung kriya yaitu kata yang menerangkan pekerjaan/sesuatu yang dilakukan)

Tuladha: lunga, dolan, tuku, turu, nulis, numpak, nggawa, mangan, njaluk, nggambarake, nerangake, lan sapanunggalane.

3)     Tembung Kahanan (Kata Sifat)

Tembung kahanan yaiku tembung sing nerangake watak, sipat, lan kahanane samubarang. (tembung kahanan yaitu kata yang menjelaskan watak, sifat, atau keadaan)

Tuladha: adoh, cedhak, ayu, panas, sugih, kepenak, sengsara, luwe, panas, nengsemake, lan sapanunggalane.

4)     Tembung Katrangan (Kata Keterangan)

Tembung katrangan yaiku tembung sing nerangake tembung aran, tembung kriya, lan tembung kahanan. (tembung katrangan yaitu kata yang menerangkan atau sebagai pelengkap tembung aran, tembung kriya, dan tembung kahanan)

Tuladha: saiki, sesuk, awan, bengi, minggu ngarep, lan sapanunggalane.

5)     Tembung Wilangan (Kata Bilangan)

Tembung wilangan yaiku tembung sing nerangake cacahe utawa jumlahe barang lan pepangkatan. (kata yang menjelaskan jumlah atau satuan barang dan kelipatanya)

 

Tuladha: siji, loro, telu, sepuluh, selawe, seket, satus, sewu, sasendhok, sethithik, akeh, kabeh, pirang-pirang, separo, seprapat, sakjam, ka-2, lan sapanunggalane.

6)     Tembung Sesulih (Kata Ganti)

Tembung sesulih yaiku tembung sing dadi sesulih utawa gantine wong, kewan, barang utawa sing dianggep barang. (tembung sesulih yaitu kata yang menjadi pengganti atau menggantikan orang, hewan, barang atau yang dianggap barang)

Tuladha: aku, kowe, dheweke, iki, kuwi, kae, lan sapanunggalane.

 

7)     Tembung Ancer-Ancer (Kata Depan)

Tembung ancer-ancer yaiku tembung sing dienggo nyambung tembung kriya karo panggonan. (tembung ancer-ancer adalah kata yang digunakan untuk menyambung tembung kriya/kata kerja dengan tembung katrangan/panggonan)

Tuladha: ing, saka, menyang, lan sapanunggalane.

 

8)     Tembung Panggandheng (Kata Sambung)

Tembung panggandheng yaiku tembung sing dienggo nggandheng gagasan loro utawa luwih. (tembung panggandheng atau kata sambung adalah kata yang digunakan untuk menggabungkan atau menyambung dua gagaasn atau lebih)

Tuladha: nalika, karo, lan, banjur, mula, yen, manawa, sebab, lan sapanunggalane.

9)     Tembung Panyilah (Kata Sandang)

Tembung panyilah yaiku tembung sing dienggo menehi sesilah utawa sandhangane tembung aran sing wis genah. (tembung panyilah adalah kata yang digunakan untuk menyilah atau penyambung awalan kata benda agar lebih jelas)

Tuladha: sang, si, para, lan sapanunggalane.


  Tembung Panguwuh (Kata Seru)

Tembung panguwuh yaiku tembung sing nerangake rasa pangrasa. (tembung panguwuh/kata seru yang menerangkan apa yang dirasakan)

Tuladha: ah!, adhuh!, oh!, hore!, ya ampun...!, lho!, haa!, lan sapanunggalane.


logoblog

Thanks for reading Jinise tembung (kata) ing basa Jawa

Previous
« Prev Post

No comments:

Post a Comment