Contoh Teks Asil Observasi tentang Corona Virus bahasa Jawa | Bene Ngerti
Bene Ngerti

merupakan blog yang berisi tentang artikel yang berkaitan dengan ilmu pengetahuan dan wawasan-wawasan mengenai ilmu pengetahuan. Berbagai artikel tentang materi pembelajaran disekolah bisa ditemukan pada blog ini. selain itu blog bene ngerti juga membahas mengenai perangkat-perangkat pembelajaran bagi guru. blog ini juga membahas mengeni sejarah-sejarah atau asal-usul suatu tempat atau kejadian.

Thursday 5 August 2021

Contoh Teks Asil Observasi tentang Corona Virus bahasa Jawa

  Bene Ngerti       Thursday 5 August 2021

 


Lelara Corona virus


          Corona virus Minang sawijine virus sing mbebayani sanget tumrap masarakat ing donya iki. Menawa ing Jawa bab sing kaya ngene iki diarani pageblug. Virus Corana ditemokaké kapisan ing negara Cina, mligine ing kutha Wuhan. Virus iki bisa nular lumantar droplet, yaiku partikel cilik banget lan lumrahe kewetu saka watuk lan wahing.
Menawa droplet kasebut kasesep irung utawa kena kornea mripat, pawongan nduwèni resiko kanggo ketularan penyakit Covid iki.
Pawongan sing kena infèksi Corona virus bisa ndadekake kangelan ambegan, kayata pneumonia , awake panas/meriang, lan ambêgane sesek. Menawa ana pawongan sing nduwé penyakit gawan utawa biasané diarani komorbit kayata gagal jantung, Diabet, darah tinggi bab kasebut bisa ndadekake pawongan kasebut nemen anggone nandang lelara.

Ananging bab nulare virus Corona Iki bisa dibrantas kanthi njaga reresik dhiri, kayata nganggo masker, njaga jarak marang wong liyan saora-orane sameter, sregep wijik tangane, lan nggunakake hand sanitaser kanggo mateni partikel virus sing nemplek ing tangan. Saliyané iku akèh akeh negara wis ngupaya kanggo nemokaké obat utawa vaksin kanggo virus iki, yaiku ana vaksin sinovac lan Astra zaneta. Vaksin iki digadhang bisa nambah imun utawa daya tahan tubuh manungsa kanggo kebal saka virus korona. Nyatane saiki wong-wong wis padha vaksin kabeh lan muga pageblug Corona virus iki enggal sirna.

logoblog

Thanks for reading Contoh Teks Asil Observasi tentang Corona Virus bahasa Jawa

Previous
« Prev Post

No comments:

Post a Comment