Contoh Teks Profil Tokoh Berbahasa Jawa | Bene Ngerti
Bene Ngerti

merupakan blog yang berisi tentang artikel yang berkaitan dengan ilmu pengetahuan dan wawasan-wawasan mengenai ilmu pengetahuan. Berbagai artikel tentang materi pembelajaran disekolah bisa ditemukan pada blog ini. selain itu blog bene ngerti juga membahas mengenai perangkat-perangkat pembelajaran bagi guru. blog ini juga membahas mengeni sejarah-sejarah atau asal-usul suatu tempat atau kejadian.

Sunday 8 August 2021

Contoh Teks Profil Tokoh Berbahasa Jawa

  Bene Ngerti       Sunday 8 August 2021

 

Bung Tomo

Bung Tomo utawa Sutomo miyos ing dhaerah kampung Blauran, Surabaya 3 Oktober 1920. Miyos saking rama kang paring asma Kartawan Tjiptowidjoyo, kang makarya dadi abdi pegawai pemerentah. Bung Tomo seda ing Padang Arafah (Arab Saudi) 7 Oktober 1981 nalika yuswane 61 taun. Sutomo utawa Bung Tomo yaiku pahlwan kang kondhang amerga kabisane nallika mandegani (mimpin) masarakat Surabaya mungsuh panjajah Walanda lumantar bala tentara NICA, paprangan kasebut kedadean 10 November 1945, kang dipengeti minangka dina Pahlawan.

Baca Juga : Teks Profil Tokoh Bahasa Jawa (Pengertian, struktur, dan titikan/ciri-ciri) 

Sutomo utawa Bung Tomo yaiku pahlawan nasional Indonesia kang kondhang amerga pandhapuke sajrone paprangan ing 10 November 1945.Bung Tomo kanthi kabisane pidhato bisa mbombong semangate masarakat mligine warga Surabaya. Nalika Revolusi fisik Bung Tomo njabat dadi ketua Umum Barisan Pemberontak Rakyat Indonesia (BPRI). Ing taun 1968 Bung Tomo ngrampungake pasinaon ekonomi ing Universitas Indonesia. Nanging, banjur dicepeng dening rezim Soeharto kanthi tuduhan subversi. Nalika isih enom, Bung Tomo nate kerja ing donyaning wartawan. Wiwit saka dadi jurnalis harian kanggo harian Souara Oemoem, harina berbahasa Jawa Ekspers, mingguan Pembela Rakyat, dan majalah Poestaka Timoer.

Bung Tomo nduweni sipat kang religious, sipat religius kasebut wis digulawenthahne ing kulawarga Bung Tomo nalika isih cilik. Amalan ibadah wajib sajrone syareat islam kayata salat, pasa, ngaji, lan zakat wis dadi pondasi kuwat ing panguripan sabendinane. Minangka titahing Gusti, Bung Tomo minangka sawijine pawongan sing pantes dadi tuladha. 


 

logoblog

Thanks for reading Contoh Teks Profil Tokoh Berbahasa Jawa

Previous
« Prev Post

No comments:

Post a Comment