Tegese Lan Jinise Drama Tradhisional | Bene Ngerti
Bene Ngerti

merupakan blog yang berisi tentang artikel yang berkaitan dengan ilmu pengetahuan dan wawasan-wawasan mengenai ilmu pengetahuan. Berbagai artikel tentang materi pembelajaran disekolah bisa ditemukan pada blog ini. selain itu blog bene ngerti juga membahas mengenai perangkat-perangkat pembelajaran bagi guru. blog ini juga membahas mengeni sejarah-sejarah atau asal-usul suatu tempat atau kejadian.

Sunday 5 September 2021

Tegese Lan Jinise Drama Tradhisional

  Bene Ngerti       Sunday 5 September 2021

 

Teks Drama Tradhisional


Tegese Drama

Tembung drama asale saka basa Yunani sing tegese sawijining aksi/solah bawa. Dadi ing drama ana sawijining crita sing dipentasake lumantar aksi/solah bawa paragane. Ing masyarakat Jawa, drama uga diarani sandhiwara. Tembung “sandhi” nduweni teges rahasia, dene “wara” nduweni teges informasi, pesen, utawa amanat. Saka andharan ing dhuwur bisa didudut yen tegese drama utawa sandhiwara yaiku sawijining olah seni kang dipentasake dening para paraga ing panggung & nduweni pesen/amanat sinandhi sing bisa kanggo tuladha ing urip bebrayan.

 

Titikan (ciri-ciri) Drama Tradhisional

·       Nganggo crita Jawa

·       Nganggo basa Jawa

·       Nganggo iringan gamelan Jawa

·       Nganggo busana Jawa

 

Jinise Drama

1.     Wayang Wong



Wayang wong kuwi karyane Sri Sultan Hamangkurat I nalika taun 1731. Wayang wong kuwi paragane pawongan minangka gantine boneka wayang ing wayang kulit. Paraga wayang wong nganggo busana, rerengan, & rias sing mirip kaya wayang kulit. Crita/lakon sing diparagakake yaiku crita Ramayana & Mahabarata. Nganggo gerak tari kanthi iringan gamelan Jawa. Wektu iki, wayang wong isih dipentasake. Salah sijine dening grup wayang wong Bharata ing Jakarta, TMII, Taman Sriwedari Solo, Ngesti Pandhawa ing Taman Budaya Raden Saleh Semarang, & liya-liyane.


2.    Kethoprak



Kethoprak mujudake seni pentas drama tradhisional sing asale saka Surakarta & ngrembaka ing Yogyakarta. Mula banjur diarani kethoprak Mataram. Basane nganggo basa Mataraman, yaiku basa sing dianggo ing wilayah budaya Mataraman, sakupenge Solo, Yogyakarta, & saperangan Jawa Timur, kayata Tulungagung, Blitar, Kediri, Nganjuk mangulon. Mula bukane kethoprak, nganggo iringan tabuhan lesung, papan kanggo nutu pari. Banjur ngrembaka nganggo iringan gamelan Jawa kanthi tetembangan. Crita kethoprak kuwi maneka warna, ana sing asale saka tanah Jawa uga ana saka manca nagara, tuladhane kaya Sampek Eng Tay. Mung umume lakon kethoprak kuwi saka crita jaman biyen, mligine nalika paprentahan kraton. Tuladhane kaya lakon Ranggalawe, Arya Panangsang, & liya-liyane.


3.    Lodruk



Ludruk mujudake kesenian drama tradhisional saka Jawa Timur sing diparagakake sawijining grup kesenian. Lakon/crita sing diangkat umume crita padinan panguripane masyarakat & crita-crita perjuangan sing diselingi guyonan kanthi iringan teknik gamelan Jawa Timuran. Dene basa sing dianggo yaiku basa padinan Surabayan. Lakon ludruk upamane Sarip Tambak Oso, Pendhekar Boncolono, Pedhut Pegunungan, Lurah Wurung, & sapanunggalane. Pagelaran ludruk biasane kawiwitan kanthi tari rema & tembang jula-juli sing isine parikan. Beda karo kethoprak & wayang wong sing biyasane maragakake crita jaman biyen & nengenake pitutur/amanat, ludruk luwih nyritakake crita padinane wong cilik sing asipat aweh lelipur, mula akeh guyonane.

 

 

 

logoblog

Thanks for reading Tegese Lan Jinise Drama Tradhisional

Previous
« Prev Post

No comments:

Post a Comment