SANDHANGAN AKSARA JAWA, (Sandhangan Swara, Sandhangan Panyigeg Wanda, lan Sandhangan Wyanjana,) | Bene Ngerti
Bene Ngerti

merupakan blog yang berisi tentang artikel yang berkaitan dengan ilmu pengetahuan dan wawasan-wawasan mengenai ilmu pengetahuan. Berbagai artikel tentang materi pembelajaran disekolah bisa ditemukan pada blog ini. selain itu blog bene ngerti juga membahas mengenai perangkat-perangkat pembelajaran bagi guru. blog ini juga membahas mengeni sejarah-sejarah atau asal-usul suatu tempat atau kejadian.

Tuesday 15 February 2022

SANDHANGAN AKSARA JAWA, (Sandhangan Swara, Sandhangan Panyigeg Wanda, lan Sandhangan Wyanjana,)

  Bene Ngerti       Tuesday 15 February 2022

 SANDHANGAN AKSARA JAWA

 

Miturut Hadiwirodarsono (2010:7) Sandhangan Kaperan dadi telung Jinis, Yaiku Sandhangn Swara, Sandhangan Panyigeg Wanda, lan Sandhangan Wiyanjana/Pambukaning Wanda.

{Menurut Hadiwirodarsono (2010: 7) sandhangan dalam aksara Jawa dibagi menjadi tiga golongan, yaitu sandhangan swara, sandhangan panyigeg wanda, dan sandhangan pambukaning wanda/wiyanjana.}

 

A. Sandhangan Swara

Sandhangan swara digunakake kanggo ngowani swara vokal saka aksara legena/Carakan (Ha, na, Ca, Ra,Ka…..) nalika diwenehi sandhangan Swara.

{Sandhangan swara berfungsi untuk mengubah bunyi vokal suatu aksara nglegena/carakan (Ha, Na, Ca, Ra…..) jika dipasangkan dengan sandhangan swara.}

Sandhangan swara cacahe ana 5,yaiku:

{Sandhangan swara ada 5 buah, yaitu:}

1.    Wulu (…i…)

Wulu digunakake kanggo ngowahi swara vokal i. Sandhangan iki ditulis ing ndhuwur bagean pungkasan Aksara. {Wulu dipakai untuk melambangkan vokal i dalam suatu kata. Sandhangan wulu ditulis di atas bagian akhir aksara.}

Tuladha :


2.      Pepet ( ..e.)

Pepet digunakake kanggo swara vokal e/ Ə/ (sega, mumet, lepet, sepet, Lsp). Pepet ditulis ing ndhuwur bagean pungkasan aksara. {Pepet dipakai untuk melambangkan vokal e/ Ə/ di dalam suku kata. Pepet ditulis di atas bagian akhir aksara.}

Tuladha:

Pepet ora bisa digunakake kanggo nulis wanda/suku kata re lan le sing ora dadi pasangan. Tuladha tembunge (rega, remuk, resik, lenga, legi, lemah). Wanda/Suku kata re sing ora dadi pasangan, ditulis nggunakake pa cerek lan wanda/suku kata le sing ora dadi pasangan ditulis nganggo nga lelet.

{Pepet tidak dipakai untuk menuliskan suku kata re dan le yang bukan sebagai pasangan. Contohnya penggunaan kata (rega, remuk, resik, lenga, legi, lemah). Suku kata re yang bukan pasangan ,dilambangkan dengan pa cerek dan le yang bukan pasangan, dilambangkan dengan nga lelet.}

 


 

3.        3. Suku (....u )

Suku digunakake kanggo ngowahi swara vokal u. Suku ditulis ing ngisor lan bagean pungkasan aksara. {Suku digunakan untuk melambangkan bunyi vokal u. Suku ditulis di bawah dan dibagian akhir aksara}

 Tuladha:

4.   4.  Taling ([…)

Taling digunakake kanggo swara vokal é  utawa è  (lele, sate, tuwek, gule, luwe, Lsp). Taling ditulis ing ngarepe aksara. {Pepet dipakai untuk melambangkan vokal é utawa è (lele, sate, tuwek, gule, luwe, Lsp). Taling ditulis di depan aksara yang akan dirubah bunyinya.}

Tuladha:

5.    5. Taling tarung ( [o )

Taling Tarung digunakake kanggo ngowahi vocal o. Taling Tarung ditulis ngapit aksara sing arep diowahi.{Taling tarung dipakai untuk melambangkan bunyi vokal “o”. Taling Tarung ditulis menghimpit aksara yang akan dirubah bunyinya.}

Tuladha:

B.  Sandhangan Panyigeg Wanda

Sandhangan panyigeg wanda yaiku sandhangan sing digunakake kanggo nutup wanda/suku kata.{Sandhangan panyigeg wanda adalah sandhangan yang berfungsi untuk menutup suku kata.}

Sandhangan Panyigeg wanda cacahe(jumlahnya) ana 4 yaiku:



    1.    Wigyan (… h)

Wigyan yaiku pangganti sigegan ha, minangka sandhangan sing digunakake kanggo konsonan h minangka panutup wanda/suku kata. {Wigyan adalah pengganti sigegan ha, yaitu sandhangan yang dipakai untuk melambangkan konsonan h penutup suku kata.}

Tuladha:


       2.    Layar ( ../..)

Layar yaiku pangganti sigegan ra, minangka sandhangan sing digunakake kanggo konsonan r minangka panutup wanda/suku kata. {Layar adalah pengganti sigegan ra, yaitu sandhangan yang dipakai untuk melambangkan konsonan r penutup suku kata.}

Tuladha:

3   

     3.  Cecak ( ..=..)

Cecak yaiku pangganti sigegan nga, minangka sandhangan sing digunakake kanggo nulis konsonan ng kang dadi panutup wanda/suku kata. {Cecak adalah pengganti sigegan nga, yaitu sandhangan yang dipakai untuk nulis konsonan ng penutup suku kata.}

Tuladha:

      4.    Pangkon (…\ )

Pangkon digunakake kanggo panyigeg utawa kanggo paten aksara legena kajaba aksara ha, ra, nga. Nalika aksara legena kuwi oleh dipangkon ateges madeg dadi konsonan. Tuladhane nalika aksara “Na” diwenehi sandhangan pangkon bakal mati dadi “n”.{Pangkon digunakan untuk panyigeg atau untuk mematikan aksara legene kecuai aksara ha, ra, nga. Ketika aksara legena tersebut diberi sandhangan pangkon berarti berubah menjadi huruf konsonan. Contoh ketika aksara “Na” diberi sandhangan pangkon akan berubah mati menjadi “n”.}

Tuladha:

 Pepeling : sandhangan pangkon iki mung bisa digunakake ing pungkasan tembung utawa pungkasane ukara, dene nalika ana aksara paten ing tengah tembung utawa tengah ukara kudu ora bisa nggunakake sandhangan pangkon nanging kudu nggunakake pasangan aksara Jawa.

{Peringatan : Sandhangan pangkon ini hanya bisa digunakan diakhir kata atau akhir kalimat. Jika ada akasara yang mati/ huruf konsonan mati ditengah kata atau tengah kalimat, tidak bisa menggunakan sandhangan pangkon namun menggunakan pasangan akasara Jawa.}


  C.  Sandhangan Wiyanjana/Pambukaning Wanda

     Sandhangan Wiyanjan/Pambukaning wanda minangka sandhangan kang digunakake kanggo panulisan rong konsonan kang diwaca bareng ing sawanda (satu suku kata). {Sandhangn Wiyanjana/Pambukaning wanda merupakan sandhangan yang digunakan dalam penulisan dua konsonan yang dibaca bersamaan dalam satu wanda atau dalam satu suku kata.}

Minangka tuladha nalika panulisan tembung Widya. Tembung kasebut kedadeyan saka rong wanda yaiku wi lan dya. Wanda “dya” kalebu rong konsonan kang diwaca ing sawanda (satu suku kata) mula nggunakake sandhangan Wiyanjana. Tuladha liyane tembung Supri, Kreta, Kroto.

{Sebagai Contoh ketika penulisan kata “Widya”. Kata tersebut terdiri dari dua suku kata yaitu “Wi” dan “Dya”. Suku kata “Dya” termasuk dua konsonan yang dibaca bersamaan dalam satu suku kata, maka menggunakan sandhangan Wiaynjana.} Contoh lainya seperti kata Supri, Kreta, Kroto.

Sandhangan Wyanjana/Pambukaning Wanda iki cacahe ana 3, Yaiku:

(Sandhangan Wiyanjana/Pambukaning Wanda ini jumlahnya ada 3, Yaitu}

1.              Pengkal ( ….- )

Pengkal digunakake kanggo panggandheng konsonan “y”. Nalika rong konsonan diwaca sawanda bareng konsonan “y” mula bisa nggunakake pengkal. {Pengkal digunakan sebagai penggabung konsonan “y”, jika ada konsonan yang dibaca bersamaan dengan konsonan “y” dalam satu suku kata maka bisa menggunakan Pengkal}

 Tuladha :


         2.      Cakra (….])

Cakra digunakake kanggo panggandheng konsonan “r”. Nalika rong konsonan diwaca sawanda bareng konsonan “r” mula bisa nggunakake cakra. {Cakra digunakan sebagai penggabung konsonan “r”, jika ada konsonan yang dibaca bersamaan dengan konsonan “r” dalam satu suku kata maka bisa menggunakan Cakra}

Tuladha:


        3.  Cakra Keret (….} )

Cakra Keret digunakake kanggo panggandheng konsonan “re”. Nalika rong konsonan diwaca sawanda bareng konsonan “re” mula bisa nggunakake cakra keret. {Cakra keret digunakan sebagai penggabung konsonan “re”, jika ada konsonan yang dibaca bersamaan dengan konsonan “re” dalam satu suku kata maka bisa menggunakan Cakra keret}.

Pepeling : Sing kalebu cakra keret kuwi sing unine “Re” pepet. Tuladhane kreteg. Dene panulisan “re” taling tetep nggunakake cakra sing diwenehi sandhangan taling. Tuladhane tembung “Kreta, Kreca, Preman, lsp” {Peringatan :Yang termasuk dalam penggunaan cakra keret yang berbunyi “re” pepet. Contohnya penggunaan kata “kreteg”. Jika penulisan “re” taling tetap menggunakan cakra yang diberi sandhangan Taling. Seperti penggunaan kata “Kreta, Kreca, Preman, Lsp}

Tuladha:



logoblog

Thanks for reading SANDHANGAN AKSARA JAWA, (Sandhangan Swara, Sandhangan Panyigeg Wanda, lan Sandhangan Wyanjana,)

Previous
« Prev Post

No comments:

Post a Comment