Pidhato (Sesorah) || Teges Pidhato, lan Urut-urutane Pidhato Bahasa Jawa | Bene Ngerti
Bene Ngerti

merupakan blog yang berisi tentang artikel yang berkaitan dengan ilmu pengetahuan dan wawasan-wawasan mengenai ilmu pengetahuan. Berbagai artikel tentang materi pembelajaran disekolah bisa ditemukan pada blog ini. selain itu blog bene ngerti juga membahas mengenai perangkat-perangkat pembelajaran bagi guru. blog ini juga membahas mengeni sejarah-sejarah atau asal-usul suatu tempat atau kejadian.

Sunday 24 October 2021

Pidhato (Sesorah) || Teges Pidhato, lan Urut-urutane Pidhato Bahasa Jawa

  Bene Ngerti       Sunday 24 October 2021

 

MATERI PIDHATO/SESORAH

 


Pidhato yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wongakeh. Pidhato uga diarani medharsabda. Medhar tegese ngandharake,sabda tegese omongan.

Urut-urutane pidhato:

a)    

Salam Pambuka

Isine ngucapake salam marang para rawuh/ tamu, minangka tandhasapa aruh lan   pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salamliyane.

b)    Purwaka

Isine pangucap syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung.

c)    Isi/ wigatining pidhato/ surasane

Medharake apa bae kang dadi wigatining pidhato.

d)    Pangarep-arep

Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/ tamu supaya apa kangdadi gegayuhane bisa kaleksanan apadene pitutur.Tuladha: Sing lulus sekolah bisa nerusake ing pamulangan sing luwihdhuwur. Sing ditinggal bisa mbangun miturut marangbapak lan ibu guru. (Manawa iku adicara pepisahan ingsekolah)

e)    Panutup:

Isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbokmenawa anggone pidhato ana kaluputan ing bab basa lan tindaktanduk.

f)    Salam panutup

Ngaturake salam marang para rawuh.


Miturut kahanane (keadaan), pidhato kaperang dadi telu:

 

1. Kahanan Resmi

Lumrahe ditindakake dening para pejabat ana ing acara resmi,upamane pidato kenegaraan, upacara HUTKEMRI, upacara HARDIKNAS kang kabeh mau pidato ditindakake sarana nganggoteks resmi. Pidhato jinis iki kaiket dening wektu lan isine. Pamicara  ora bisa sakepenake dhewe ngandharake masalah jalaran wis ananaskah kang kudu diwaca dening pamicara.

2. Kahanan Setengah Resmi

Pidhato jinis iki tetep ngetokake kesan resmi, nanging ora kaiket wektu, isi tetep kudu runtut, nanging isih bisa dikembangake ora kaiket dening naskah, upamane srah trima penganten. Pidhato jinis iki uga jamak lumrahe katindakake ora nganggo naskah cukup cathetan sacuwil isi pokok-pokoke.

 

3. Kahanan Ora Resmi

Pamicara bisa ngandharake babagan kang pas karo kahanan lan pamirenge, ora kaiket dening wektu. Upamane ana ing patemon warga ngrembug kanggo apike RT kang ditindakake dening Pak RT karo warga kanthi santai.

 

Pidhato miturut tujuane kaperang dadi telu :

1. Menehi hiburan

Pidhato jinis iki katindakake nalika ing acara pahargyan, acara hiburan, kang tujuane iku gawe sumringah, seneng utawa gumbira. Pamicara mung ngandharake babagan kang nyenengake uga nganggo basa kang kepenak.

2. Menehi Kawruh

Pidhato jinis iki isine ngandharake babagan kanthi sacetha- cethane supaya pamirenge mangerti kanthi jelas. Pamicara bisa nganggo conto, bandhingan, katrangan lan liya-iyane kang migunani supayaluwih gamblang.

3. Pangajak-ajak

Pidhato jinis iki pamicara ngandharake alasan, bukti, lan conto kanggo ngajak pamirenge supaya tumindak padha utawa jumbuh karo kang dikarepake. Pidhato jinis iki biasane katindakake nalikanekampanye utawa promosi.


Miturut carane, pidhato kaperang dadi papat yaiku:

1.     Mawa teks utawa naskah (methode maca).

2.    Ngapalake naskah pidhato.

3.    Ekstemporan: ngapalake wose banjur ngrembakakake wicara nalikapidhato. (njlentrehake cengkorongan pidhato)

4.    Impromptu: pidhato sing ditindakake kanthi spontan (tanpapersiapan).


logoblog

Thanks for reading Pidhato (Sesorah) || Teges Pidhato, lan Urut-urutane Pidhato Bahasa Jawa

Previous
« Prev Post

No comments:

Post a Comment